Kunci Jawaban

60 Latihan Soal dan Jawaban UAS UTS Bahasa Jawa Kelas 5 SD Pilihan Ganda dengan Pembahasan 2024

Berikut 60 pembahasan soal UAS UTS mapel bahasa Jawa kelas 5 SD, lengkap dengan kisi-kisi dan kunci jawaban.

Pixabay
Ilustrasi ujian - 60 Latihan Soal dan Jawaban UAS UTS Bahasa Jawa Kelas 5 SD Pilihan Ganda dengan Pembahasan 2024 

Nalika samana ana Bocah Bajang teka marang Desa Banarawa,Bocah Bajang mau sejatine memblane ula sing padha dipateni wong desa ana ing alas .Ula kuwi mau sejatine yaiku ula Baru Klinting. Ula kang lagi tapa arep gayuh kamulya ning urip.Nalika weruh yen daginge ula wis mateng cumawis,Bocah Bajang marani Ki Juru Mathokan lurahe Desa  Banarawa.

“Kulo Nuwun,” Bocah Bajang ngaturake salam.

“He,sapa kowe?,”pitakon Ki Juru Mathakon.

“Kulo Baru Klinting. Kulo badhe nyuwun daging sawer, sakedhik kemawon,” kandhane Bocah Bajang.

“Kowe ora melu rekasa,arep njaluk daging? Sing rekasa bae durung ngrasakke. Kana lunga! Gek ambumu ya ora enak kaya ngene Lunga !,” jawabe Ki Juru Mathokan, karo senggol.

“Iya,bocah ora genah, Enggal ,lunga sing adoh!,”aloke wong-wong ing sacedhake Ki Juru Mathokan.

Bocah Bajang banjur lunga .Si Bajang tekan omah Mbok Randha. Senajan uripe rekasa Mbok Randha luhur budine. Seneng tetulung marang sapa bae. Mula tekane Si Bajang ditampa kanthi becik. Bocah Bajang diwenehi sega lan daging iwak ula. Sawise mangan, Bocah Bajang pamitan marang Mbok Randha.

“Mbok,kula nyuwun pamit.Kula gadhah weling sakedhik. Mangke  badhe wonten bena bandang.Mila kula suwun simbok nyawisaken lesung.Mangke simbok minggah  lesung.Mugi tansah manggih wilujeng,’’ Baru Klinting banjur lunga ninggalake omahe mbok Randha.

Baru Klinthing lunga menyang omahe Ki Juru Mathokan minangka panggonane pista memetri desa. Ing kana dheweke nancepake sada lanang ing tengah plataran. Baru Klinting banjur nantang bocah-bocah sing ana ing sacedake. Bocah-bocah padha nyoba mbedol nanging ora bisa.Kabeh wong njajal karosane siji-siji nagging ora ana sing bisa.Ki Juru Mathokan banjur nyusul melu nyoba tetep ora bisa mbedol sada.

Gandheng wis ora ana sing kuwat,Baru Klinting mbedol sada lanang wau. Sanalika tilas tancepane metu banyune gedhe. Saya suwe ngeleb Desa Banarawa. Wong-wong  ing Banarawa padha mati klelep. Mung Mbok Randha sing bisa slamet. Desa Banarawa ilang dadi rawa banjur katelah Rawa Pening,dumuning ing kukuban Ambarawa.

1. Syarat kanggo memetri ing Desa Banarawa yaiku…
a. Daging kewan saka ngomah
b. Daging kewan saka alas
c. Daging kewan laut
d. Daging kewan sapi lan kebo

Baca juga: Kunci Jawaban IPA Kelas 8 Semester 2 Halaman 226 227, Soal Uji Kompetensi Bab 11: Uraian

2. Bocah Bajang mau sejatine ….
a. Membane ula sing dipateni
b. Ki Juru Martani
c. Mbok Randa
d. Ki Juru Mathakon

3. Lurah Desa Banarawa arane ....
a. Ki Lurah Bajang
b. Ki Juru Mondhokan
c. Ki Juru Martani
d. Ki Juru Mathokan

4. Sing mateni ula Baru Klinting yaiku ….
a. Ki Juru Mathokan
b. Bocah Bajang
c. Wong desa
d. Mbok Randha

5. Sing teka marani Ki Juru Mathokan amarga arep njaluk daging ula yaiku ….
a. Ki Lurah
b. Mbok Randha
c.  Wong desa
d. Bocah Bajang

Halaman
1234
Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved